SEMAR MURING BENDARANE DIPATENI
Ringkesan :
Raden Kakrasana duka bareng mireng wadule Bratajaya arep dipek bojo Raden Permadi. Bareng Raden Permadi tekan kono, tanpa didangu dhodhok salehing perkara, sigra ditamani Senjata Nenggala dhadhane. Raden Permadi sirna margalayu.
Semar ora trima bendarane dipateni dening Kakrasana. Semar njaluk tanggung jawab Kakrasana, Raden Permasi kudu bali urip malih, embuh piye carane.
Semar nesu temenan. Ambak wujude ala kuciwa. Semar gedhe perbawane. Kakrasana bingung anggone bakal tuminda. Nguripake wong mati cetha ora bisa. Nanging yen Permadi ora urip, ateges bakal adu arep mungsuh Semar. Bratajaya (rayine Kakrasana) malah nyalahke Kakrasana, banjur Permadi dimesakake. Kakrasana ya malah duka marang Bratajaya. Muntaping atine menika amargi saking wadule Bratajaya. Bareng Permadi dipateni kok malah dimesakake.
Kakrasana diaturi ngleremaken penggalih langkung rumiyin kaliyan Raden Narayana.
Tokoh-tokoh :
a. Semar : Gedhe perbawane
b. Permadi :
c. Kakrasana : gampang duka/ujas-ujus
d. Bratajaya : ora ngerti matur nuwun
e. Narayana : adem atine
Latar :
a. Papan : Kerajaan
b. Wektu : -
c. Kahanan : Kisruh
Kesimpulan :
*)Ojo dadi wong sing gampang duka, ujas-ujus ngrampungake perkara tanpa cara kang becik.
*)Menawa sampun ditulungi menika becike ngucap matur nuwun, mboten kok malah myalahke.
Komentar
Posting Komentar